Enggane inyong dadi Pak RT,
Duit kas tek bagi senajan langka jaminane
Kon ora padha ngutang maring rentenire
Enggane inyong dadi Pak Bau,
Warga-warga padha tek latih gawe tahu
Kon ora padha rubungan dopokan sing wagu-wagu
Enggane inyong dadi pak lurah,
Warga desa tek warahi nandur wit mirah
Sekang duit desa sing mambrah-mambrah
kon wargane lega ora patia gerah
Enggane inyong dadi Pak Camat,
Desa-desa rutin tek tiliki
Kon masyarakate katon padha kerumat
Enggane inyong dadi Pak Bupati,
dalan-dalan tek alusi
kon gampang deliwati
Enggane inyong dadi Pak Gubernur,
Kabeh warga tak gawe makmur jibar jibur
senajan inyong teles kejebur-jebur
Enggane inyong dadi Pak Presiden
Rakyat tek dadekna kaya raden
Ora usah maring kuburan, ora usah aweh sajen...
Dacho Darsono
Ndesa Gentawangi, Kecamatan Jatilawang, Kab. Banyumas
thn. 2003.
( Dimuat di majalah basa banyumasan ANCAS Nomer 28///Taun3 Juli 2012 ).
Featured Post
Karakteristik Meeting Room yang Sesuai untuk Meeting
Karakteristik Meeting Room - Menjamurnya bisnis startup mendorong bermunculannya perusahaan pelayanan coworking space dan private space. Be...

-
Dear blogger :) Malam ini menjadi malam yang istimewa. Bagaimana tidak istimewa, lha wong ketika saya baru pulang dari tempat kerja, ternyat...
-
Cinta bukanlah dagangan yang dijajakan di pinggir-pinggir trotoar jalan. Tapi bukan berarti ia tak ada di trotoar-trotoar itu. Ia senantiasa...
-
Karakteristik Meeting Room - Menjamurnya bisnis startup mendorong bermunculannya perusahaan pelayanan coworking space dan private space. Be...